Assalamualaikum Wr.Wb
·
Panjenenganipun Bapak Dukuh ingkang
dahat kinurmatan
·
Bapak RW 17 lan RT 01 ingkang minulya
·
Lan sedaya warga Dusun Kapukanda ingkang
tansah bagya mulya
Sumangga
langkung rumiyin panjenengan lan kula ngaturaken puji syukur dhumateng Allah
SWT ingkang sampun maparingaken mapinten-pinten kenikmatan satemah panjenengan
lan kula saged makempal wonten ing acara pengetan dinten kamardikan ingkang
kaping 67 taun.
Menawi kita ngemut-ngemut 67 taun kapungkur, wektu Negara Indonesia punika taksih di jajah dening bangsa Walanda lan Jepang
kang dadosaken kathah tiyang sami rekaos. Kathah prastawa perang, busung lapar,
lan kerjo paksa kang kang dijenengi
romusha. Romusha iku salah siji kerja kang dadekake para rakyat menika
sami rekaos. Soyo suwe para warga mboten sami betah yen taksih wonten
jajahanipun bangsa liyo.Para warga padha gotong royong mikerake kepiye carane
ngusir penjajah lan bisa dadekake Negara
Indonesia menika merdika, kanthi perjuangan kang mboten gampang para pahlawan
lan rakyat bisa merdikakake Negara Indonesia wonten ing tanggal 17 Agustus
1945. Pramilo wonten ing pengetan puniko monggo kita sami-sami sesarengan
ngaturaken agungeng matur nuwun kalihan para pahlawan kang sampun dadekake
negara kita niki bebas saking penjajahan bangsa liyo.
Sak meniko kita termasuk generasi penerus pewaris kemerdekaan.Pramilo kita gadhahi
tugas nerusaken perjuangan poro pejuang ingkang rumiyin. Soho melihoro lan
nglestarekake kasejahteraan Negeri Indonesia meniko. Ampun ngantos nikmat
kemerdekaan meniko kita sia-siaken kanti ngawontenaken pesta pora, lan
hura-hura ingkang boten wonten artinipun, tanpa ngawontenaken amalan-amalan
ingkang beto kemanfaatan lan tujuan kang apik kanggo negara. Sebab kamardikan
meniko boten hadiah saking bangsa asing ingkang dipun caosaken kanthi gampang.
Nanging seko jasa-jasa poro pejuang ingkang sampun rumiyin. Pramilo sepindah
maleh kito ugi kedah mengisi kemerdekaan kanti ndidik para generasi kita mangkeh
kang arep dadi penerus kita sedaya.
Kintenipun cekap semanten atur saking kulo. Mugi-mugi saget manfaat
dhumateng pribadi kulo khususipun, lan umumipun dateng panjenengan sedoyo. Lan
menawi wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb
0 komentar:
Posting Komentar